Selasa, 01 Mei 2012

HARDIKNAS ( Hari Pendidikan Nasional )


HARI PENDIDIKAN NASIONAL ( HARDIKNAS )

Tanggal 2 Mei dipun tetepaken minangka Hari Pendidikan Nasional ( HARDIKNAS ). Kangge menyambut HARDIKNAS kala wau, badhe kawula aturaken reroncen utawi uraian ngengingi keselarasan antawisipun Tujuan Pendidikan Nasional kaliyan ajaran agami Islam.

Pendidikan, mboten saged dipun pisahaken saking pagesangan kita umat Islam lan pagesangan sedaya warga negara Indonesia. Pantes menawi pemerintah Republik Indonesia ( RI ) netepaken ing Garis-Garis Besar Halauan Negara ( GBHN ) bilih hakekat Pembangunan Nasional ing babagan pendidikan dados setunggaling perkawis ingkang tumut berperan dalam membangun manusia seutuhnyabdan pembangunan seluruh masyarakat Indonesia.

Dipun sebataken bilih Tujuan Pendidikan Nasional adalah meningkatkan ketaqwaan terhadap Alloh Swt. Tuhan Yang Maha Esa, kecerdasan, keterampilan, mempertinggi budi pekerti, memperkuat kepribadian dan mempertebal semangat kebangsaan agar dapat menumbuh kembangkan manusia-manusia pembangunan yang dapat membangun dirinya serta bersama-sama bertanggung jawab atas pembangunan bangsa.
Tujuan ingkang mulya kala wau temtu kemawon perlu kita wujuudaken. Ananging menawi kita gatosaken ternyata dereng saged kagayuh samesthinipun. Ketaqwaan masyarakat kita taksih ngambang. Buktinipun, Masjid, Musholla ingkang sampun dipun bangun wonten ing pundi-pundi panggenan dereng kaisi secara wajar, padahal mayoritas bangsa Indonesia Muslim. Amaliyah taqwa masyarakat ugi taksih mrihatosaken. Lajeng ketrampilan lan kacerdasan ugi nembe kagayuh dening sebagian kecil bangsa indonesia. Buktinipun, kemiskinan lan pengangguran sebab dene mboten nggadhahi ketrampilan ugi taksih ngrembaka ing pundi-pundi panggenan. Budhi pakerti ugi mrihatosaken, pinten-pinten kedadosan para generasi mudha taksih kathah ingkang nedhahaken dereng ngertos sopan-santun. Semanten ugi ing babagan kepribadian lan semangat kebangsaan. Masyarakat Indonesia ingkang kala rumiyin brkepribadian remen tulung-tinulungan lan gotong royong, ing wekdal samangke akibat dampak globalisasi lajeng kathah ingkang sami ketularan lan tercemar dening kepribadian manca negari ( luar negeri ) ingkang cenderung individualistis, namung sami mentingaken kabetahanipun piyambak.

Tujuan Pendidikan Nasional kala wau sejatosipun sampun sinkron utawi sampun selaras kaliyan ajaran agami Islam, malah kalebet perangan utawi bagian ajaran Islam. Ing ateges menawi tujuan pendidikan nasional saged kita wujudaken kanthi sanyata, ateges ajaran Islam ing  Tri Pusat Pendidikan  ingkang dipun aturaken dening Ki Hajar Dewantara inggih punika :
1.       Pendidikan keluarga
2.       Pendidikan Sekolah
3.       Pendidikan Masyarakat

Sedaya wau ing agami Islam sampun kacakup lan sampun wonten piugeranipun, termasuk konsep-konsep ingkang sampun temata, sejalan kaliyan tujuan pendidikan Nasional.

Amrih gamblangipun ajeng kawula aturaken penjelasanipun.
1.      Ningkataken Ketaqwaan

Tujuan Pendidikan nasional ingkang kawitan inggih punika ningkataken ketaqwaan dhumateng Gusti Alloh Swt. Ing ateges arah pendidikan kita, wiwit pendidikan keluarga, pendidikan formal melalui sekolah punapa dene pendidikan non formal ing pondok pesantren lan ing masyarakat umumipun  mboten kenging nglirwakaken unsur-unsur ingkang menjurus dhateng peningkatan taqwa kala wau, inggih punika melalui pendidikan agami.
Wondene ingkang dipun maksud taqwa midherek ajaran Islam inggih punika :

اِمْتِثَالُ        اَوامِرِ     اللهِ        وَاجْتَنَابُ        نَوَاهِيْهِ

“ Ngleksanakaken dhawuh-dhawuh Alloh lan nebihi sedaya awisanipun “
Inggih namung sarana Taqwa kita saged gesang wilujeng ing alam dunya ngantos dumugi akheratipun mangke, sebab inggih namung tiyang-tiyang ingkang taqwa ingkang dipun sedhiyani Suwarganipun Alloh Swt.
Wonten ing al-Qur’an surat Ali Imron 133 dipun sebataken :

     ...وَجَنَّةٍ      عَرْضُهَا        السَّمَوَاتُ        وَاْلاَرْضُ       اُعِدَّتْ       لِلْمُتَّقِيْنَ    

“ ... Lan Suwarga kang ambane sa ambaning langit lan bumi kang di sedhiyakake kanggo wong-wong kang padha taqwa “

mboten kirang saking 241 tembung taqwa dipun sebataken ing al-Qur’an. Dereng ingkang sinebat ing Hadits-hadits Rosululloh Saw. Dados menawi kita ndidik lare supados tansah nglampahi dhawuh-dhawuh Alloh lan nebihi awisanipun ( laranganipun ) Alloh, ateges kita ugi sampun ngleksanakaken pesan-pesan GBHN.
2.      Ningkataken Kecerdasan lan Keterampilan

Bab Kecerdasan dipun tingkataken  sarana ngudi ilmu ingkang manfa’ati. Istilahipun ilmu ingkang amaliyah lan amal ingkang ilmiyah.
Islam mboten kirang-kirang anggenipun anggatosaken umat kangge memperdalam ilmu pengetahuan lan tekhnologi ( IPTEK ). Malah kepara majibaken dhateng sedaya kaum Muslimin Muslimat kangge ngudi ilmu, sinaosa ing negari non Islam.

اُطْلُبُوْا      الْعِلْمَ       وَلَوْ     بِالصِّيْنَ

 Guntena ilmu senejan dumugi negari China. ( al-Hadits )

Ayat ingkang kawitan turun arupi Surat al-‘Alaq ngemu dhawuh kapurih maos ( Iqro’ ). Surat al-Mujadalah 11 paring informasi minangka kanugrahan tumrap tiyang ingkang sami iman saestu lan nggadhahi ilmu, bilih tiyang-tiyang wau badhe dipun angkat drajatipun dening Alloh Swt kanthi pinten-pinten drajat. Sengsaya kandel imanipun lan sangsaya inggil imanipun, tiyang wau sengsaya inggil drajatipun.
Hadits-hadits Rosul ugi mboten kirang-kirang ingkang suraosipun ndhorong kaum Muslimin Muslimat kapurih ningkataken kecerdasan lan ketrampilan. Malah kepara dipun gampilaken anggenipun nggayuh cita-cita ingkang paling utami ( afdlolul Muna ) inggih punika Suarga.
Setunggaling Hadits nabi Saw. riwayat at-Tirmidzi ngendikakaken :

مَنْ     سَلَكَ   طَرِيْقاً    يَطْلُبُ   فِيْهِ     عِلْماً    سَهَّلَ    اللهُ     لَهُ     طَرِيْقاً      اِليٰ       الْجَنَّةِ
Sapa wonge kang nempuh sawijining dalan ( cara ) saperlu kanggo ngudi ilmu, mangka Alloh bakal nggampangake dalan ing Suarga “.

Salajengipun, ilmu ingkang sampun dipun udi/golet kala wau temtu kemawon kangge dipun lampahi sarana ketrampilan sesuai kaliyan ilmu kala wau, sebab menawi mboten dipun lampahi( gadhah ilmu mboten dipun amalaken ), ibaratipun kados wiwitan tanpa woh. Pepatah Arab ngendikakaken :
اَلْعِلْمُ       بِلاَ     عَمَلٍ       كَالشَّجَرِ        بِلاَثَمَرٍ

 “ ilmu kang ora den amalake kaya dene wit-witan kang ora woh “.

3.      Ningkataken Budi Pekerti
Wonten istilah gami Islam kawastanan al-Akhlaqu al-karimah utawi adab. Ing Indonesia diarani etika, sopan santun, unggah-ungguh, tata krama, norma utawi susila.
masalah akhlaq menggahing agami Islam mboten saged dipun pisahaken kaliyan aqidah               ( keyakinan, ketauhidan utawi keimanan ), Syari’ah punapa dene mu’amalah, sebab dene sampun setunggaling paket . Rosululloh ngendika :

اِنَّمَا        بُعِثْتُ      لِاُتَمِّمَ       مَكَارِمَ       اْلأَخْلاَقِ

“ Ingsun den utus kanggo nyampurnakake akhlaq kang luhur ( al-Hadits )

Budi pakerti, unggah-ungguh, sopan santun utawi etika sampun dipun tata kanthi sae, kantun ngleksanakaken. kados pundi etika  hubungan kaliyan ingkang adamel gesang, Alloh Swt. kados pundi etikanipun hubungan kaliyan utusan Alloh Swt, kaliyan tiyang sepuh, kaliyan sedherek, tangga tepalih, tamu, tiyang sakit, dumugi tiyang ingkang sampun pejah/seda. Sedaya sampun dipun atur ing agami islam. Kita kantun sami’na wa atho’naa ( ngrungokake lan taat nglakoni ) mboten perlu damel cara sanes ingkang nyebal/medal saking wewaler kala wau, sebab sedaya wau sampun rasional, sampun cocok kaliyan akal sehat.
benten kaliyan praktek kurikulum ing sekolahan, ing wekdal samangke masalah budi pekerti       utawi pelajaran akhlaq radi kirang dipun gatosaken.
4.      Memperkuat Kepribadian lan Semangat Kebangsaan

Kepribadian ing agami Islam sampun cetha inggih punika pribadi ingkang Muslim, Mukmin, Mukhsin, Mukhlis lan Mutaqin. Pramila saben tiyang Islam perlu dipun dhidhik supados tiyang Islam ingkang imanipun kandel, lelampahanipun sae, ikhlas lan taqwa. Tiyang ingkang kagungan kepribadiyan makaten, temtu nggadhahi semangat cinta tanah air, sebab cinta tanah air kalebet setunggaling tandha utawi indikasi bilih tiyang wau iman saestu. Syeikh Syauki bey saking Mesir ngendikakaken :

حُبُّ     الْوَطَنْ      مِنَ      اْلاِيْمَانِ  

 “ Cinta tanah air iku kalebu bagianing iman “

Minangka penutuping atur kawula ngajak, mangga sesarengan kita ayahi pendidikan secara Islami, sebab kanthi mekaten sekaligus kita sampun ngleksanakaken GBHN. Kanthi mekaten Insya Alloh badhe kagayuh punapa ingkang kawastanan :

بَلْدَةٌ         طَيِّبَةٌ       وَرَبٌّ      غَفُوْرٌ 

“ Negari ingkang gemah ripah loh jinawi saha dipun ridloni dening Alloh Ingkang Maha paring Pangapunteni sedaya dosa


Khutbah Jum’at ; Drs. Sutrisno Usman
Penerbit Asyifa
Sekretariat : Jl. K.H. Abdul Malik No : 1 Mersi Purwokerto Jilid 2