Jumat, 20 April 2012

Mengeti Dinten Miyosipun R.A. Kartini


Mengeti Dinten Kartini
Kejawi menawi manah / ati kita tiyang Islam mongkog ( bangga ) kaliyan Sayyidah ‘Aisyah ra. ingkang apal ngantos 2200 hadits lan dados Ustadzipun para sahabat ingkang mbetahaken keterangan sesampunipun Rosululloh saw. seda, kita uga mongkog kaliyan Srikandi Indonesia, RA Kartini, ingkang dados pelopor tumrap emansipasi wanita ing indonesia.
Tanggal 21 April tumrap bangsa Indonesia minangka Hari Besar Nasional, inggih punika dinten wiyosipun/lahiripun dalem  RA Kartini binti Raden Mas Sosroningrat ( Bupati Jepara ) ingkang lahir ing dhusun Mayong tanggal 21 April 1879.
Katetepan punika minangka bukti hormatipun negari dhumateng RA Kartini, sebab dene jasa-jasanipun sahingga drajating wanita sejajar kaliyan drajating priya, sinaosa tugasipun benten.
Midherek cathetan sejarah, ing tahun 1898 M, wanita ingkang saged sekolah ing Pamulangan nomer setunggal ing tanah Jawi nembe 11. Lan sanesipun namung saged sekolah ing Pamulangan swasta. Niku kemawon jumlahipun mboten langkung saking 2000 murid sumebar ing Nuswantara.
Kahanan wau nggigah manahipun RA Kartini kangge jihad merjuangaken kaum wanita ingkang namung dados pelengkap penderita tumrap kaum priya.
Cita-citanipun ingkang luhur kala wau kahaturaken dhumateng kancanipun ing negari Walandi ( Negara Belanda ) ingkang asma Zeehandelaer arupi mapinten-pinten serat.
Kados ta nalika tanggal 25 Mei 1899 panjenenganipun ngintu serat ingkang cara Jawinipun makaten :
“ Lan adate negaraku temene-temen bertentangan karo karepe jaman anyar, ya jaman anyar kang tak gadhang –gadhang bisa mlebu ing sajerone masyarakat “.
Lajeng mapinten-pinten seratipun dipun kempalaken lajeng kawastanan : “ VAN DUISTERNIS TOT LIGHT “, ingkang dening Armyn Pane dipun maknani “ Habis Gelap Terbitlah Terang “ ( Saka pepeteng nuju marang pepadhang ). Lajeng dening Satjadibrata dipun maknani mawa basa Sunda : “ Ti nu poek ka nu caang”. Midherek bahasa al-Qur’an sinebat Minadz dzulumaati ilan Nuuri “.
RA Kartini panci satunggaling Muslimah muridipun Kyai Muhammad Sholeh bin Umar As Samarani ingkang misuwur/terkenal kanthi asma Mbah Sholeh Drajat. Panjenenganipun mios/lahir ing dhusun Kedung Cemlung Jepara tahun 1820, lan seda ingSemarang dinten Jum’at 29 Ramadlan 1321 H, kaleres tgl 18 Desember 1903. Panjenenganipun sejamankaliyan Syeih Nawawi Banten lan Syeih kholil bin Abdul Latif saking Bangkalan, Madura.
Kyai Sholeh Drajat setunggaling kyai ingkang santri-santrinipun kathah ingkang dados Ulama ageng ing indonesia. Kados ingkang dipun ngendikakaken dening Muhammad ulul Fahmi wonten ing buku anggitanipun “ Ulama Besar ing Indonesia “ antawisipun :
1.      K.H. Hasyim ‘Asy’ari ( Pendiri Nahdlatul Ulama : NU )
2.      Syeih Mahfudz At-Turmusy ( Ahli Hadits dari Termas, Jawa Timur )
3.      K.H. Ahmad Dahlan ( Pendiri Muhammadiyah )
4.      K.H Bisri Syamsuri ( Pendiri PP Mamba’ul Ma’arif Jombang, Ja Tim )
5.      K.H. Idris ( Pendiri PP Jamsaren, Solo )
6.      K.H. Sya’ban ( Ahli ilmu Falaq; Perbintangan / Antariksa ,Semarang )
7.      K.H Dalhar ( Pendiri PP Watucongol, Muntilan, Magelang )
8.      R.A. Kartini ( Pelopor emansipasi wanita Indonesia )

R.A. Kartini panci jalma ingkang lantip, cerdas, limpad lan kendel. Nami kumpulan serat-serat ingkang dipun kintu ing negari Walandi kawastanan Minadz Dzulumati ilan Nuuri saged ugi mboten uwal saking anggenipun ngaos kaliyan embah Kyai Sholeh Drajat.
R. A. Kartini aqidah Islamiyahipun ugi sampun dipun uji. Buktinipun nalika piyambakipun dipun ajak mlebet  agami Kristen dening kanca-kancanipun saking Walandi panjenenganipun nolak. Malah panjenenganipun namung kepengin nyinaoni Al-Qur’an lan nuntut supados Al-Qur’an dipun terjemahaken dhateng bahasa Jawi utawi Indonesia supados umat Islam saestu-estu paham dhateng agaminipun. Maklum kala semanten Pemerintah Walandi nglarang Al-Qur’an dipun maknani.
Saterasipun, panjangkanipun/cita-citanipun R.A. Kartini ingkang dipun sartani kelawan darah jihad, dipun dukung kang rama sahingga atas bantuanipun saged mujudaken satunggaling sekolah khusus wanita ingkang kawastanan Sekolah Gadis ing Jepara. Saterasipun sesampunipun R.A. Kartini krama/nikah kaliyan Bupati Rembang, Jawa Tengah, Panjenenganipun ugi dipun bangunaken malih Sekolah Perempuan ing Rembang.
Eman sanget, R.A. Kartini kaparingan yuswa/umur ingkang mboten lami, nembe yuswa 25 tahun, panjenenganipun seda ing tgl 17 September 1904 M, sekawan dinten sesampunipun mbabaraken putra kakung/jaleripun ingkang kawitan/pertama lan ugi ingkang pungkasan tanggal 13 September 1904.
Cita-cita utawi panjangkah luhuripun dipun tampi sae dening rakyat Pribumi, tumunten lajeng jumedhul pinten-pinten sekolah Kartini ing pinten-pinten panggenan.
Alesan R.A. kartini ngawontenaken Sekolah Gadis lan ugi Sekolah Perempuan sebab mangkenipun wanita ingkangberpelajaran ( terpelajar ), temtu langkung prigel anggenipun ndidik putra-putrinipun lan langkung sempurna anggenipun ngurus bale griyanipun. kanthi makaten nusa lan bangsanipun temtu bakal majeng.
Salajengipun, panjangkahipun R.A. Kartini ugi kadherekaken dening para wanita pejuang sanesipun, inggih punika ;
1.      Rd. Dewi Sartika binti Rd. Somanagara, Patih Bandung ( 1884-1947)
ngedegaken sekolah Isteri ingkang kawastanan Sakola Dewi Sartika.
2.      Rohana Kudus binti Muhammad Rosyad Maharaja Sutan/ juru Tulis setunggaling kantor ing Alahan Pajang Sumbar ( 1884-1969).
Tahun 1905 panjenenganipun ngawontenaken Sekolah Gadis ing kutho Gedang kejuruan kerajinan Wanita. Tgl 1 Februari 1911 ngedegake organisasi perkumpulan wanita Minangkabau kawastanan Kerajinan Amai Setia. Tgl 10 Juli 1912 Panjenenganipun medharaken surat kabar wanita ing kutha Padang lan Rohana dados pemimpin redaksinipun.
Sinaosa mekaten, R. A. Kartini tetep langkung utami amargi R.A. Kartini ingkang mbikak margi pemikiran para wanita ing jamanipun.
Tembung arab nyebataken :

اَلْفَضْلُ لِلْمُبْتَدِي فَإِنْ أَحْسَنَ اْلمُقْتَدِيْ

“ Kang lewih utama sing ngrintis, senajan sing nerusake lewih bagus”.


Rabu, 18 April 2012

Cara Mencari hari Pasaran Wuku

Mencari hari Pasaran Wuku. Bagi yang lupa weton / hari pasaran kelahiran kita atau keluarga, Silahkan Download Cara Mencari Hari Pasaran lan Wuku kelahiran kita ! Download

Power Point Macapat, Paribasan dan Kerata basa

Power Point Macapat, Paribasan dan Kerata basa. Anda Butuh Power Point Bahasa Jawa ; Paribasan, Kerata basa dan Macapat ? Klik disini ! Download

Aksara Jawa PDF

 Aksara Jawa PDF. Mau Download panduan Aksara Jawa ? silahkan klik disini ! Download

Senin, 09 April 2012

Kamus Bahasa Sansekerta - Indonesia PDF

Kamus Bahasa Sansekerta - Indonesia PDF. Mau Download Kamus Bahasa Jawa Sansekerta - Indonesia ? Silahkan klik disini Download