Senin, 27 Januari 2014

Nangka

Paedahipun Nangka

Nangka utawi Artocarpus integra tasih kagolong klompok moroceae. Ingkang kalebet moroceae kadosta Sukun, Kluwih, Bendho lan Cempedhak. Asalipun Nangka saking India Sumber dumugi Indonesia, Afrika, sarta Amerika.
Nangka ingkang mateng raosipun legi lan arum. Woh ingkang tasih enom naminipun Gori. Gori utawi thewel saged dipun masak dados sayur gudheg. Masakan gudheg raosipun éca sanget. Gudheg ingkang kawentar saking Yogyakarta. Pramila kitha Yogyakarta dipun wastani kitha Gudheg.
Wit Nangka tuwuh sae ing Yogyakarta Wit Nangka tuwuh sae ing dhaerah ingkang inggilipun 0-1000 saking lumahing bumi. Pangupakaranipun gampil. Ama ingkang ngganggu namung kewan penggerek wit lan woh. Supados wohipun sae dipun wungkus.

Besutan : Saking Jawa anyar

Jumat, 24 Januari 2014

Ponakawan Pandawa : Semar, Petruk Bagong lan Nala Gareng



سَمِّرْ وَفاَتْرُك بَغيٰ نَالَ خَيْراً

Semar, Petruk Bagong lan Nala Gareng

Rahasiakake perkara kang kudu di rahasiakake lan tinggalake sipat -sipat kang ora becik mongko arep mekoleh kabecikan