Sabtu, 31 Oktober 2015

Tembang Macapat GAMBUH AJA DHEMEN UTANG

AJA DHEMEN UTANG

Gambuh

1. Mrih aja pijêr mumbul
    Kabéh sêsanggan jroné uripmu
    Butuh ira dén tliti angati ati
    Aja kongsi waton antuk
    Utang banjur gampang tlédhor

2. Utang-utangan iku
    Pakulinan kang bangêt angganggu
    Katêntrêman jroné galih sabên ari
    Tansah goréh rasanipun
    Marakaké awak loyo

3.

  Upamané kabacut
   Sing diarah aja nganti imbuh
   Tan wurung ingkang nyaur sira pribadhi
   Iya lamun sira iku
   Isih waras tan kêtanggor

4. Lamun pêsthi pinundhut
    Yuswanira wis wanci dipuput
    Mati iku ora têgês anglunasi
    Utang nalika uripmu
    Kang dadi gawan sing abot.

5. Wiwit iki wis kudu
    Karo utang tansah nganggêp mungsuh
    Awit iku nguripi bangsa réntêrnir
    Uripé padha dén émut
    Konomi ja nganti bobrok


Panvripta Suwardi, Warisan Geguritan Macapat, Balai Pustaka.