Selasa, 17 November 2015

Tembang Macapat Pocung

Tembang Macapat Pocung
1.

Sekolahku kang dadi pepinginanku
Cedhak karo umah
Ora adoh saka margi
Yen numpak pit uga gampang luwih penak

2.

Pra kancaku sing wadon lan para kakung
Padha gegojegan
Ning sinau ora lali
Yen wulangan ra pareng padha clometan

-- Guru gatra ne tembang Pocung ana 4
-- Guru lagune tembang Pocung : U, A, I, A
-- Guru wilangane tembang Pocung : 12, 6, 8, 12

Senin, 02 November 2015

Tembang Macapat Pangkur TAHUN ANYAR

Taun Anyar

Pangkur

1.

Warsa kang minangka batas,
Yuswa tumrap kabéh ingkang kumelip,
Minangka kang pangangkah,
Murih bisa piguna tumrap sliramu,
Taun anyar dadi tandha,
Manungsa kudu sing éling.

2.

Lamun yuswa tambah tuwa,
Ingkang mudha dadi déwasa yêkti,
Ingkang tuwa tambah pikun,
Kabeh lumaku rancag,
Taun anyar bebarengan dipun pethuk,
Nanging aja mung mahargya,
Ingkang ora migunani.

3.

Becik ira ngulatana,
Taun wingi apa kang wus dén udi,
Kanggo ngrancang ingkang durung,
Perlu 'nggo tetimbangan,
Pengalaman iku dadi tuladhamu,
Taun anyar kudu béda,
Dipun ésthi luwih bêcik.

Pangripta Suwardi, Warisan Geguritan Macapat, Balai Pustaka