Rabu, 22 Februari 2012

PRANATA MANGSA

PRANATA MANGSA LAN CANDRANE .
Kahanane Alam Dunya miturut kahanane mangsa

1. Mangsa Kasa : ( Mangsa ke siji )
Candrane : Sotya murca saking embanan. Sotya =mutyara, murca = ilang. Pindhane mutyara coplok saka embane. Akeh godhong padha rontok, wit-witan padha ngarang. Awal mangsa ketiga.
Umure : 41 dina. 22 Juni - 1 Agustus.
2.Mangsa Karo : ( Mangsa ke loro )
Candrane : Bantala rengka.Bantala = lemah, rengka = pecah. Lemah-lemah padha nela. Mangsane paceklik larang pangan
Umure : 23 dina. 2 Agustus - 24 Agustus.
3.Mangsa Katelu :
Candrane : Suta manut ing bapa. Suta = anak. Pindhane anak manut marang bapake. Pungkasane mangsa ketiga. Lung-lungan, bangsane gadung, wi, gembili padha mrambat.
Umure : 24 dina. 25 Agustus - 17 September.
4.Mangsa Kapat :
Candrane : Waspa kumembeng jroning kalbu. Waspa = eluh, kumembeng = kembeng, kebak, kalbu = ati. Pindhane eluh kebak ing jerone ati. Sumber padha garing. Awal mangsa labuh.
Umure : 25 dina. 18 Sptember - 12 Oktober.
5.Mangsa Kalima :
Candrane: Pancuran mas sumawur ing jagat. Mas pindane udan. Wiwit ana udan. Para among tani wiwit padha nggarap sawah.
Umure : 27 dina. 13 Oktober - 8 Nopember.
6.Mangsa Kanem :
Candrane : Rasa mulya kasucian. Pindhane mulya-mulya rasa kang suci. Woh-wohan bangsane pelem lsp wiwit padha awoh. Pungkasane mangsa labuh. Udan wiwit akeh lan deres.
Umure : 43 dina. 9 Nopember - 21 Desember.

7.Mangsa Kapitu : ( Mangsa ke pitu )
Candrane : Wisa kentir ing maruta. Wisa = racun, penyakit; kentir = keli, katut; maruta = angin. Pindhane : Penyakit akeh, akeh wong lara.
Umure : 43 dina. 22 Desember - 2 Pebruari.
8.Mangsa Kawolu : ( Mangsa kewolu )
Candrane : Anjrah jroning kayun. Anjrah = sumebar, warata; kayun = karep, kapti. Pindhane akeh pangarep-arep. Para among tani padha ngarep-arep asile tanduran. Wit pari padha mbledug.
Umure : 26/27 dina. 3 Pebruari - 28/29  Pebruari.
9.Mangsa Kasanga : ( Mangsa ke Sanga )
Candrane : Wedharing wacana mulya. Wedhar = wetu; wacana = pangandikan, swara, uni; mulya = mulia, endah. Pindhane akeh swara kang keprungu endah, kepenak. Garengpung padha muni, gangsir padha ngethir, jangkrik padha ngerik.
Umure : 25 dina. 1 Maret - 25 Maret.
10.Mangsa Kasepuluh : ( Mangsa ke sepuluh )
Candrane : Gedhong mineb jroning kalbu. Pindhane akeh kewan padha meteng. Kucing padha gandhik.Manuk padha ngendhog.
Umure : 24 dina. 26 Maret - 18 April.
11.Mangsa Dhesta : ( Mangsa ke Sewelas )
Candrane : Sotya sinarawedi. Sotya = mutyara; sinarawedi = banget ditresnani (?). Pindhane kaya mutyara kang banget ditresnani. Mangsane manuk ngloloh anake. Mangsa mareng.
Umure : 23 dina. 19 April - 11 Mei.
12.Mangsa Sada : ( Mangsa kerolas )
Candrane : Tirta sat saking sasana. Tirta = banyu; sat = ilang; sasana = panggonan. Pindhane wong-wong ora kringeten jalaran mangsa bedhidhing (adhem). Akhir mangsa mareng.
Umure : 41 dina. 12 Mei - 21 Juni.

Tidak ada komentar: