Jumat, 02 November 2012

ASAL-USUL KEMBANG TERATE



ASAL-USUL KEMBANG TERATE

Dening Hendy Sumiyanto

Dhek jaman biyen, ing tlatah Gunung Semeru ana Raja kang arif wicaksana lan gemati bangeti marang rakyate. mimpin salah sijine kerajaan sing jenenge Umbul Wening. Raja kuwi asmane Prabu ranubanu. Prabu Ranubanu nduweni putri tunggal sing ayu banget, jenenge Dewi Arum. Sang putri nduweni kareman/kesenengan adus lan lumban ing Sendhang. Yen wis kadhung lumban lan dolanan banyu dheweke lali maem lan ngaso. Semono uga tugas liyane, asring ndadekake raja lan prameswari ngelingake tumindake.
Nuju sewijine dina, negara Umbul Wening kaserang pagebluk. Pendhudhuk desa akeh sing kaserang pagebluk kuwi engga nemahi tiwas. Raja sedhih banget mikirake kahanan iki, wis akeh tabib lan brahmana ditekakake kanggo ngawekani, nanging ora kasil.
Rikala raja wis nyedhaki pasrah, banjur teka sawijining brahmana ngadhep sang Raja. Brahmana kuwi crita, sajroning semedi kaya-kaya dheweke entuk wangsit yen wabah pagebluk kuwi bisa diprantasi nganggo srana sawijining sekar/kembang.
Lan sekar kuwi thukul ning tengah-tengahing telaga ing sajroning alas Kredho Wahana, lan kudu dijupuk dening putri raja dhewe.
Raja banjur nimbali putrine, dicritakake sekabehe. Dikancani dhayang kesayangane Nyi Empul. Putri Dewi Arum mangkat. Akeh alangan sing ditemoni sang putri sasuwene pangumbaran, nanging ora digagas babar pisan.
Raja lan sakabehe rakyat wis padha ngenteni. Ning sang putri ora teka-teka uga. Raja tambah sedhih lan bingung nalika sang prameswari uga ditulari penyakit kasebut. Merga ora sabar, Raja banjur nusul sang putrine.
Satekane ing telaga kuwi, apa sing dipirsani ? Raja ora kuwat nahan dukane, mirsani Dewi Arum enak-enakan siblon lan lelumban dolanan babyu tlaga/telaga. Tanpa sadhar raja ngendikan.
He Dewi Arum, apa kowe wis lali marang jejibahan sing diembanake ? Ora sapantese kowe dadi putri raja ! Luwih becik kowe dadi petunggune tlaga iki wae ! Wis dadi kersane Gusti Alloh, sawise nyabda, Dewi Arum ilang saka pandulu/peningal. Sing ana mung satekem sekar kang endah ana tengah-tengahe tlaga. Raja katenggengen ndeleng sekar kang diarani sekar terate kuwi, raja getun banget nanging kabeh mau wis kelakon, kang dadi kersane Gusti kang Maha Agung.
Kanthi ati sedhih lan deresing waspa/iluhe mripat, sekar mau dijupuk banjur digawa bali dening sang raja ya bapake Dewi Arum. saka kakuwasaane Gusti Alloh, sekar kuwi bisa lelantaran kanggo obat marasake prameswari lan kabeh rakyate

Tidak ada komentar: