Senin, 02 November 2015

Tembang Macapat Pangkur TAHUN ANYAR

Taun Anyar

Pangkur

1.

Warsa kang minangka batas,
Yuswa tumrap kabéh ingkang kumelip,
Minangka kang pangangkah,
Murih bisa piguna tumrap sliramu,
Taun anyar dadi tandha,
Manungsa kudu sing éling.

2.

Lamun yuswa tambah tuwa,
Ingkang mudha dadi déwasa yêkti,
Ingkang tuwa tambah pikun,
Kabeh lumaku rancag,
Taun anyar bebarengan dipun pethuk,
Nanging aja mung mahargya,
Ingkang ora migunani.

3.

Becik ira ngulatana,
Taun wingi apa kang wus dén udi,
Kanggo ngrancang ingkang durung,
Perlu 'nggo tetimbangan,
Pengalaman iku dadi tuladhamu,
Taun anyar kudu béda,
Dipun ésthi luwih bêcik.

Pangripta Suwardi, Warisan Geguritan Macapat, Balai Pustaka

Tidak ada komentar: