Rabu, 22 Februari 2012

Tembang Ilir - Ilir


ILIR-ILIR
Ilir-ilir, ilir-ilir tandure wis sumilir,
tak ijo royo-royo,
tak sengguh penganten anyar,
cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi,
lunyu-lunyu penekna,
kanggo masuh dodot ira,
dodot ira- dodot ira kumitir bedhah ing pinggir,
dondomana jlumatana,
kanggo seba mengko sore,
mumpung gedhe rembulane,
mumpung jembar kalangane,
ya suraka surak hiyaa !


Tembang ing ndhuwur kalebu salah sawijining tembang sing saben wong Jawa mesthi bisa nembangake. tembang dirungu saka mbah-mbah biyen, lan ing saben panggonan ditembangake dening bocah-bocah. Budaya tutur sing dialami dening wong wong biyen jalaran durung akeh buku lan cathetan mula keprungune turun temurun. Banjur thukul sapa sing nyiptakake tembang iku?
Ana panemu  sing nyiptakake Sunan Drajat, ana maneh panemu sing ngandhakake yen sing ngarang tembang iku Sunan Kalijaga, lan ana maneh panemu sing liya. Jalaran ora ana cathetan sing bisa dianggo pathokan mula sawetara iki durung bisa nemtokake sapa satemene sing ngarang tembang iku, utawa karan anonim (tanpa dikaweruhi)
Apa satemene maknane tembang iku ?
Nalika mumbul-mumbule agama Islam ing tanah Jawa, para wali nyiptakake tembang iku sarana kanggo dakwah. Contone Sunan Kalijaga nyiptakake lakon wayang Jamus (Jimat) Kalimasada yen diwerdeni saka tembung Kalimat Syahadat. Mula ora mokal yen sing nyiptakake tembang Ilir-ilir iku ya para wali.
Dene maknane tembang Ilir-ilir mangkene :

Ilir-ilir, tegese tangia, asal kata nglilir, tegese bangkitlah. Ajak-ajak supaya para nom-noman lan wong-wong padha gumregah saka anggone turu, saka anggone karem ing kahanan sing lawas, tandang gawe kanggo nungsun  kahanan sing anyar. Tandure wis sumilir, tandurane wis padha nglilir, wis tangi, wis urip. Wiji kabecikan, utawa kader-kader nom-noman sing ditandur wis ngatonake wujude, wis maujud. Rupane ijo royo-royo kaya ijo penganten anyar. Dhek jaman biyen penganten anyar dianggoni klambi ijo minangka simbol panguripane manungsa kang ibarate tanduran kang lagi thukul.
Bocah angon penekna blimbing kuwi, bocah angon ibarate para mudha sing ngopeni, ngawal sumebare agama nggayuh gegayuhane manungsa kang diibaratake blimbing. Blimbing nduweni lingir 5 maknane rukun Islam limang prakara. Angka 5 dhewe nduweni tafsir warna-warna upamane : rukun Islam, sembahyang limang wektu, tambane ati ya limang prakara. Sanajan lunyu, angel, kudu tetep diupayakake.
Kanggo masuh dodot ira ( sandhangan / pakaian ), minangka kanggo nyuceni sandhangan sing dianggo, sandhangan kang awujud lahir utawa sandhangan kang wujud batin. Kaya ngendikane KGPAA Mangkunagara IV sandhangan batin yaiku agama, agama ageming aji.
Dodot ira kumitir bedhah ing pinggir, nalika samana sandhangane wis bedhah, wis suwek mula sandhangan mau kudu didondomi, dijlumat, diapiki supaya dadi becik. manungsa ; menus-menus kakehan dosa, mulane kon padha taubat marang Gusti Alloh SWT, ben suci maneh kaya dodot putih sing isih anyar  ora ana kotorane, ora keton tembelane
Kanggo seba ( sowan / ngadhep ) mengko sore, mumpung gedhe / mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane ( mumpug isih ana ing alam dunya ), mbesuk yen mati kanggo ngadhep marang Gusti Allah, Pangeran kang murba amisesa uripe manungsa.  yo sorako sorak hiya ; ya ayuh padha gelem nglakoni 5 wektu, ngibadah marang Gusti Alloh lan ngedohi larangane Alloh .

Ana maneh tapsir liya, yaiku nalika adege Negara Republik Indonesia bocah angon sing dikarepake yaiku para pemimpin kayata : Bung Karno, Rajiman Wedyadiningrat, M. Hatta, Abikusna Cakrasuyasa, M. Yamin lsp mujudake lan netepake dhasar negara yaiku Pancasila (sing diibaratake blimbing) , negara sing bakal didegake yaiku Republik Indonesia.
Bocah Angon, tegese uga bisa kita manungsa uga sejatine agi padha angon awake dhewe-dhewe, sing wis berkeluarga uga agi angon keluargane, di angon supayane ora tumindak kang kesasar nglakoni barang kang ora di ridloni marang Alloh SWT lan Rosule.

Tidak ada komentar: