Paribasan A - D
Paribasan Ing basa Indonesia diarani Peribahasa, yaiku
: unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah
ora mengku surasa pepindhan / gegambaran
: unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah
ora mengku surasa pepindhan / gegambaran
A
1. Adhang-adhang tètèsé êmbún
:Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
2. Adigang, adigúng, adigunå
: Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
3. Aji gódhóng garíng.
: Wis ora ånå ajiné/asór banget
4. Ånå catúr mungkúr.
: Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
5. Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
: Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
6. Ånå gulå ånå sêmut.
: Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
7. Anak polah båpå kêpradah.
: Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
8. Anggênthóng umós.
:Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
9. Angón mångså.
:Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10. Angón ulat ngumbar tangan.
: Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
11. Arêp jamuré êmoh watangé.
: Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
12. Asu rêbutan balúng.
: Rebutan barang kang sêpélé.
13. Asu bêlang kalúng wang.
: Wóng asór nangíng sugíh.
14. Asu gêdhé mênang kêrahé.
: Wóng kang dhuwúr pangkaté, mêsthi baé luwih gêdhé

panguwasané 16. Asu marani gebúk.
: Njarag marani bêbaya.
: Njarag marani bêbaya.
17. Ati béngkong olèh óncóng.
: Wóng duwé niyat ålå oléh dalan
: Wóng duwé niyat ålå oléh dalan
B.
1. Bålådéwå ilang gapité.
:Ilang kakuwatané/kaluhurané.
2. Banyu pinêrang ora bakal pêdhót.
: Pasulayané sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane.
3. Bathang lêlaku.
: Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
4. Blåbå wudå.
: Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
5. Bèbèk mungsuh mliwís.
: Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
6. Bêcík kêtitík ålå kêtårå.
: Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
7. Bêlo mèlu sêton.
: Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
8. Bêras wutah arang bali mênyang takêré.
: Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
9. mBidhúng api rowang.
: Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
10. Blilu tau pintêr durúng nglakoni.
: Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr
karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
11. Bubuk / Yuyu olèh lèng.
: Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
12. Búng príng petúng.
: Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
13. Buntêl kadút, ora kinang ora udút.
: Wóng nyambút gawe bóróngan ora
olèh mangan lan udut /rokok.
14. mBuru ucêng kélangan dhêlêg.
: Mburu barang sêpélé malah
kélangan barang kang luwíh gêdhé.

15. Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr.
: Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
: Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
C.
1. Carang canthèl.
: Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
2. Car-cór kåyå kurang janganan.
: Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
3. Cathók gawèl.
: Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
4. Céból nggayúh lintang.
: Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
5. Cêcak nguntal cagak.
: Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
6. Cêdhak cèlèng boloté.
: Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
7. Cêdhak kêbo gupak.
: Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
8. Ciri wanci lêlai ginawa mati.
: Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
9. Cincing-cincing mêksa klêbus.
: Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
10. Criwis cawís.
: Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
11. Cuplak andhêng - andhêng yèn ora pêrnah panggonan bakal disingkiraké.
: Wóng kang njalari ålå, bêcík disingkiraké.

D.
1. Dadiyå banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh nyuwèk,
dadiyå sukêt emóh nyênggút.
: Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
2. Dahwèn ati opèn.
: Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
3. Dhandhang diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang.
: Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
4. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
: Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwe dhéwé.
5. Dhêmit ora ndulít, sétan ora doyan.
:Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
6. Digarókake dilukókake.
: Dikóngkón nyambút gawe abót.
7. Didhadhungå medhót, dipalangånå mlumpat.
: Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
8. Diwènèhi ati ngrógóh rêmpêla.
: Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
9. Dóm sumurup ing banyu.
: Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
10. Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
: Sênajan wóng liya nèk nemoni rêkasa bakal dibélani.
11. Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
: Wóng kang nêsu banget.
12. Dudutan lan anculan.
: Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
13. Durúng ilang pupak lêmpuyangé
: Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
14. Durúng pêcus kêsêlak bêsús.
: Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.

Paribasan E - K
E
1. Éman éman ora keduman.
: Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman. 2. Êmban cindé êmban siladan.
: Pilíh kasíh ora adíl.
3. Êmbat êmbat cêlarat.
: Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt. 4. Êmprít abuntút bêdhúg.
: Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
5. Êndhas gundhúl dikêpêti.
: Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
6. Êndhas péthak kêtiban êmpyak.
: Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
7. Ênggon wêlut didoli udhèt.
: Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
8. Êntèk ngamèk kurang golèk.
: Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
9. Êntèk jaraké.
: Wís êntèk kasugihané.
10. Ésuk dhêlé soré témpé.
: Wóng kang ora têtêp atiné (méncla - ménclé).

G
1. Gagak nganggo lar mêrak.
: Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
2. Gajah alingan sukêt têki.
: Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
3. (ng) Gajah êlar.
: Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
: Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
2. Gajah alingan sukêt têki.
: Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
3. (ng) Gajah êlar.
: Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
4. Gajah ngidak rapah.
: Nrajang wêwalêr dhéwé.
5. Gajah pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
: Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban. 6. Garang garíng.
: Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
7. Gawé luwangan nggo ngurugi luwangan
. : Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
8. Gayúk-gayúk tuna, nggayúh nggayúh lupút
: Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
9. Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.
: Sênajan alon-alon anggoné tumindak,
nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
10. Golèk banyu bêníng.
: Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
11. Golèk-golèk kêtêmu wóng luru-luru.
: Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
12. Gupak puluté ora mangan nangkané.
: Mèlu rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak. 13. Idu didilat manèh.
: Murungaké janji síng wís diucapaké.
14. Iwak lumêbu wuwu.
: Wóng kêna apus kanthi gampang.

J
1. (n)Jagakaké êndhógé si blórók.
: Njagakaké barang kang durung mêsti ånå lan orané.
2. (n)Jajah désa milang kori.
: Lêlungan mênyang êndi-êndi.
3. Jalmå angkårå mati murkå.
: Nemoni cilåkå jalaran angkårå murkané.
4. (n)Jalukan ora wèwèhan.
: Sênêng njaluk ora gêlêm mènèhi.
5. Jati kêtlusupan ruyúng.
: Kumpulané wóng bêcik klêbon wóng ålå.
6. Jaran kêrubuhan êmpyak.
: Wóng wís kanji (kapók) bangêt.
7. Jarít lawas ing sampiran.
: Duwé kapintêran nangíng ora digunakaké.
8. Jêr basuki måwå béa.
: Samubarang gêgayuhan mbutuhaké wragat ( biaya ).
9. (n)Jujú muwúl.
: Prakårå kang nambah-nambahi rêkåså. 10. (n)Junjúg ngêntêbaké.
: Ngalêmbana nangíng duwe niyat ngasoraké.

K
1. Kacang ora ninggal lanjaran.
: Kabiasané anak niru wóng tuwané.
2. Kadang konang.
: Gêlêm ngakóni sêdulur mung karo síng sugíh.
3. Kalah cacak mênang cacak.
: Samubarang pênggawéyan luwíh bêcík dicoba dhisík biså lan orané. 4. Kandhang langít, bantal ombak, kêmúl mégå.
: Wóng síng ora duwé papan panggonan
5. Katépang ngrangsang gunúng.
: Kagêdhen karêp/panjångkå mokal biså kelakón.
6. Katón kåyå cempåkå sawakúl.
: Tansah disênêngi wóng akèh.
7. Kåyå banyu karo lêngå.
: Wóng kang ora bisa rukún.
8. Kakèhan gludhúg kurang udan.
: Akèh omongé ora ånå nyatané.
9. Kêbanjiran sêgårå madu.
: Nêmu kabêgjan kang gêdhé bangêt.
10. Kêbat kliwat, gancang pincang.
: Tumindak kêsusu mêsthi ora kêbênêran.
11. Kêbo bulé mati sétra.
: Wóng pintêr níng ora ånå síng mêrlókaké.
12. Kebo ilang tómbók kandhang.
: Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo
nggoleki malah ora kêtêmu pisan.
13. Kêbo kabótan sungu.
: Rêkåså mergå kakèhan anak.
14. Kêbo lumumpat ing palang.
: Ngadili prakårå ora nganggo watón.
16. Kêbo mulíh menyang kandhangé.
: Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
17. Kêbo nusu gudèl.
: Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
18. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
: Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
19. Kajugrugan gunúng mênyan.
: Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
20. Kêkudhúng welulang macan.
: Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
21. Kêlacak kêpathak.
: Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
22. Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
: Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
23. Kêncana katon wingka.
: Sênajan apík nangíng ora disênêngi
24. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
: Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho. 25. Kênès ora èthès.
: Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
26. Kêplók ora tómbók.
: Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.

27. Kéré munggah balé.
: Batúr dipèk bojo karo bêndarané
28. Kéré nêmoni malêm.
: Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
29. Kêrot ora duwé untu.
: Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
30. Kêrubuhan gunúng.
: Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt.
31. Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
: Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
32. Kêtula-tula kêtali.
: Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
33. Kêthèk saranggón.
: Kumpulan wóng kang tindak ålå.
34. Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
: Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp. 35. Klênthíng wadah masin.
: Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
36. Kongsi jambúl wanên.
: Nganti tumêkan tuwå bangêt.
37. Krókót ing galêng.
: Wóng kang mlarat banget.
38. Kriwikan dadi grójógan.
: Prakårå kang maune cilík/ sepele dadi gêdhé tur mahayani.
39. Kumênthus ora pêcús.
: Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
40. Kurúng munggah lumbúng.
: Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
41. Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
: Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang mbêbayani.
42. Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
: Njarag marani bebåya.
43. Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
: Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
44. Ladak kêcangklak.
: Wóng kang angkúh nêmóni pakéwúh margå tumindaké dhéwé.
45. Lahang karóban manís.
: Rupané bagús/ayu túr luhúr bêbudèné.
46. Lambé satumang kari sêmêrang.
: Dituturi bola-bali mêksa ora digugu.
47. Lanang kêmangi.
: Wóng lanang kang jirèh.
48. Lêgan golèk mómóngan.
: Wís kêpénak malah golèk rêkasa.
49. Lumpuh ngideri jagad.
: Duwe kekarepan kang mokal keturutan

Paribasan M - O
M
1. Maju tatu mundúr ajúr.
: Prakårå kang sarwå pakéwúh.
2. Matang tunå numbak luput.
: Tansah lupút kabèh panggayuhané.
3. Mbuang tilas.
: Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi dilakoni.
4. Mênêng widårå ulêran.
: Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.
5. Mêntung kojå kêna sêmbaginé.
: Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.
6. Mêrangi tatal.
: Mêntahi rêmbug kang wís matêng.
7. Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.
: Biså njunjúng drajat wóng tuwå.
8. Milíh-milíh têbu olèh bolèng.
: Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.
9. Mrójól sêlaning garu.
: Wóng kang lupút såkå bêbåyå.
10. Mubra-mubru mblabar madu.
: Wóng síng sarwå kêcukupan.

N
1. Nabók nyilih tangan.
: Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
2. Ngagar mêtu kawúl.
: Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan,
nanging síng diójók-ójóki ora mêmpan.
3. Ngajari bèbèk nglangi.
: Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
4. Ngalasake negårå.
: Wóng síng ora manut pranatan negårå.
5. Ngalem lêgining gulå.
: Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
6. Ngaturake kidang lumayu.
: Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
7. Nglungguhi klåså gumelar.
: Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
8. Ngóntragaké gunúng.
: Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti

gawé kagèt wóng akèh. 9. Nguthik-uthik macan dhédhé.
: Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné. 10. Nguyahi segårå.
: Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé. 11. Nucúk ngibêraké.
: Wís disuguhi mangan, mulíh isíh mbrêkat.
12. Nututi layangan pêdhót / liwung
: Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang. 13. Nyangóni kawula minggat.
: Ndandani barang kang tansah rusak. 14. Nyólóng pêthèk.
: Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatange / Bedhekane.

O
1. Obah ngarep kobèt mburi.
: Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.
2. Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
: Rampung såkå rékadayané dhéwé.
3. Ora ånå banyu mili menduwúr.
: Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
4. Ora ånå kukús tanpå geni.
: Ora ånå akibat tanpå sebab
5. Ora gonjå ora unús.
: Wóng kang ålå rupane ugå atine.
6. Ora mambu cénthóng irús.
: Dudu sanak dudu kadang.
7. Ora tembúng ora tawúng.
: Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.

8. Ora uwúr ora sêmbúr.
: Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
9. Ora kinang ora udút.
: Ora mangan åpå-åpå.
10. Othak athik didudút angèl.
: Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.
Paribasan P - Y
: Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
9. Ora kinang ora udút.
: Ora mangan åpå-åpå.
10. Othak athik didudút angèl.
: Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.
Paribasan P - Y
P.
1. Palang mangan tandúr.
: Diwènèhi kepercayan nangíng malah gawé kapitunan.
2. Pandêngan karo srêngéngé.
: Mêmungsuhan karo panguwåså.
3. Panditanê antaké.
: Lairé katon suci batine ålå.
4. Pêcrúk tunggu bårå.
: Dipasrahi barang kang dadi kêsênêngané.
5. Pitík tróndhól diumbar ing padaringan.
: Wóng ålå dipasrahi barang kang aji, wêkasan malah ngêntèk-êntèki
6. Pupúr sadurúng benjút.
: Ngati-ati mumpúng durúng cilaka.

R.
1. Rampèk rampèk kêthèk.
: Nyêdhak- nyêdhak múng arêp gawé kapitunan.
2. Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
: Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkiraké.
3. Rêbút balúng tanpa isi.
: Pasulayan mêrga barang kang sêpèlè.
4. Rindík asu digitík.
: Dikóngkón nindakaké (pênggawéyan kang cócók karo kêkarêpané
5. Rupå nggéndóng rêgå.
: Margå barang apík mulå rêgané yå larang.
6. Rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.
: Yèn padhå rukún mêsti padhå santoså,
yèn pådhå congkrah mêsti bakal bubrah rusak.

S.
1. Sabar sarèh mêsti bakal pikolèh.
: Tumindak samubarang åjå kesusu.
2. Sabåyå pati, sabåyå mukti.
: Kerukunan kang nganti tekan pati.
3. Sadumúk bathúk, sanyari bumi.
: Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
4. Sandhíng kebo gupak.
: Cedhak wóng tumindak ålå, biså-biså katut ålå.
5. Satru mungging cangklakan.
: Mungsuh wóng kang isih sanak sadulur.
6. Sêdhakêp awé-awé.
: Wís ninggalake tumindak ålå,
nanging ing batín isíh kepingin nglakoni manèh.
7. Sêmbúr-sêmbúr adús, siram-siram bayêm.
: Bisa kalêksanan margå olèh pandongàné wong akèh.
8. Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé.
: Nindakaké panggawéyan kanthi ora duwé kamélikan åpå-åpå.
9. Síng såpå salah bakal sèlèh.
: Såpå síng salah bakal konangan.
10. Sluman slumun slamêt.
: Sênajan kurang ngati-ati. nangíng isíh diparingi slamêt.
11. Sumúr lumaku tinimba, góng lumaku tinabúh.
: Wóng kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakóni.

T.
1. Tebu tuwúh socane.
: Prakårå kang wis apík, bubrah margå ånå kang
durung mêsthi salah lan bênêré.
2. Téga larané ora téga patiné.
: Sênadyan néegakake rêkasané, nangíg isíh mènèhi pitulungan. 3. Têkèk mati ing ulóné.
: Nêmóni cilåkå margå såkå gunêmé dhéwé.
4. Timun jinårå.
: Prakårå gampang bangêt.
5. Timun mungsuh durèn.
: Wóng cilík mungsúh pànguwåså, mêsthi kalah.
6. Timún wungkúk jaga imbúh.
: Wóng bodho kanggone múng yèn kêkurangan baé.
7. Tinggal glanggang cólóng playu.
: Ninggalaké papan pasulayan.
8. Tulúng mênthúng.
: Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
9. Tumbak cucukan.
: Wóng síng sênêng adu-adu.
10. Tuna sathak bathi sanak.
: Rugi båndhå, nangíng bathi pasaduluran.
11. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
: Prakårå ålå ngåmbrå åmbråa, prakårå becik kari sathithík. 12. Tembang rawat-rawat, ujare mbók bakul sunambiwårå.
: Khabar kang durung mêsthi salah lan bênêré.

U.
1. Ucul såkå kudangan.
: Luput karo gêgayuhané.
2. Ulat madhêp ati mantêb.
: Wís mantêb bangêt kêkarêpané.
3. Undaking pawartå, sudaning kiriman.
: Biasané pawartå iku bédå karo kanyatakané.
4. Ungak-ungak pager arang. : Ngisin isini.
5. Welas tanpå alis.
: Karêpé wêlas nangíng malah gawé kapitunan.
6. Wís kêbak sundukané.
: Wís akèh bangêt kaluputané.
7. Wiwít kuncúng nganti gêlúng.
: Wiwít cilík nganti gêdhé/tuwå.

Y.
1. Yitnå yuwånå mati inå. / Yitna Yuwana Lena kena
: Síng ngati-ati bakal slamêt, síng sêmbrånå bakal cilåkå.
2. Yiyidan munggíng rampadan.
: Biyèné wóng dúrjånå/culikå, saiki dadi wóng síng alím.
3. Yogå anyånggå yogi.
: Murid nirókaké piwulangé guru.
4. Yuwånå mati lenå.
: Wóng bêcík olèh cilåkå, margå kurang ati-ati.
6. Yuyu rumpúng mbaróng róngé.
: Omahé magróng-magróng nanging sêjatiné mlarat.

THE END
Tidak ada komentar:
Posting Komentar