Paribasan Ing basa Indonesia diarani Peribahasa yaiku : unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah ora mengku surasa pepindhan / gegambaran
A. - Adhang-adhang tètèsé êmbún.
Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
- Adigang, adigúng, adigunå
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
- Aji gódhóng garíng.
Wis ora ånå ajiné/asór banget
- Ånå catúr mungkúr.
Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
- Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
- Ånå gulå ånå sêmut.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
- Anak polah båpå kêpradah.
Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
- Anggênthóng umós.
Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
- Angón mångså.
Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
- Angón ulat ngumbar tangan.
Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
- Arêp jamuré êmoh watangé.
Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
- Asu rêbutan balúng.
Rebutan barang kang sêpélé.
- Asu bêlang kalúng wang.
Wóng asór nangíng sugíh.
- Asu gêdhé mênang kêrahé.
- Wóng kang dhuwúr pangkaté, mêsthi baé luwih gêdhé panguwasané
- Asu marani gebúk.
Njarag marani bêbaya.
- Ati béngkong olèh óncóng.
Wóng duwé niyat ålå oléh dalan.
|
B. - Bålådéwå ilang gapité.
Ilang kakuwatané/kaluhurané.
- Banyu pinêrang ora bakal pêdhót.
Pasulayané sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane.
- Bathang lêlaku.
Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
- Blåbå wudå.
Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
- Bèbèk mungsuh mliwís.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
- Bêcík kêtitík ålå kêtårå.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
- Bêlo mèlu sêton.
Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
- Bêras wutah arang bali mênyang takêré.
Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
- mBidhúng api rowang.
Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
- Blilu tau pintêr durúng nglakoni.
Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
- Bubuk olèh lèng.
Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
- Búng príng petúng.
Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
- Buntêl kadút, ora kinang ora udút.
Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut /rokok.
- mBuru ucêng kélangan dhêlêg.
Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh gêdhé.
- Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr.
Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
|
C. - Carang canthèl.
Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
- Car-cór kåyå kurang janganan.
Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
- Cathók gawèl.
Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
- Céból nggayúh lintang.
Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
- Cêcak nguntal cagak.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
- Cêdhak cèlèng boloté.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
- Cêdhak kêbo gupak.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
- Ciri wanci lêlai ginawa mati.
Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
- Cincing-cincing mêksa klêbus.
Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
- Criwis cawís.
Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
- Cuplak andhêng - andhêng yèn ora pêrnah panggonan bakal disingkiraké.
Wóng kang njalari ålå, bêcík disingkiraké.
|
D. - Dadiyå banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh nyuwèk, dadiyå sukêt emóh nyênggút.
Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
- Dahwèn ati opèn.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
- Dhandhang diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang.
Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
- Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé.
- Dhêmit ora ndulít, sétan ora doyan.
Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
- Digarókake dilukókake.
Dikóngkón nyambút gawe abót.
- Didhadhungå medhót, dipalangånå mlumpat.
Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
- Diwènèhi ati ngrógóh rêmpêla.
Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
- Dóm sumurup ing banyu.
Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
- Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
- Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
Wóng kang nêsu banget.
- Dudutan lan anculan.
Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
- Durúng ilang pupak lêmpuyangé.
Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
- Durúng pêcus kêsêlak bêsús.
Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar