Paribasan Ing basa Indonesia diarani Peribahasa yaiku : unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah ora mengku surasa pepindhan / gegambaran E - Éman éman ora keduman.Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
- Êmban cindé êmban siladan.
Pilíh kasíh ora adíl.
- Êmbat êmbat cêlarat.
Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
- Êmprít abuntút bêdhúg.
Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
- Êndhas gundhúl dikêpêti.
Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
- Êndhas péthak kêtiban êmpyak.
Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
- Ênggon wêlut didoli udhèt.
Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
- Êntèk ngamèk kurang golèk.
Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
- Êntèk jaraké.
Wís êntèk kasugihané.
- Ésuk dhêlé soré témpé.
Wóng kang ora têtêp atiné (méncla - ménclé).
|
G - Gagak nganggo lar mêrak.
Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
- Gajah alingan sukêt têki.
Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
- (ng) Gajah êlar.
Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
- Gajah ngidak rapah.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
- Gajah pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban.
- Garang garíng.
Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
- Gawé luwangan nggo ngurugi luwangan.
Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
- Gayúk-gayúk tuna, nggayúh nggayúh lupút.
Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
- Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.
Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
- Golèk banyu bêníng.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
- Golèk-golèk kêtêmu wóng luru-luru.
Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
- Gupak puluté ora mangan nangkané.
Mèlu rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak.
- Idu didilat manèh.
Murungaké janji síng wís diucapaké.
- Iwak lumêbu wuwu.
Wóng kêna apus kanthi gampang.
|
J - (n)Jagakaké êndhógé si blórók.
Njagakaké barang kang durung mêsti ånå lan orané.
- (n)Jajah désa milang kori.
Lêlungan mênyang êndi-êndi.
- Jalmå angkårå mati murkå.
Nemoni cilåkå jalaran angkårå murkané.
- (n)Jalukan ora wèwèhan.
Sênêng njaluk ora gêlêm mènèhi.
- Jati kêtlusupan ruyúng.
Kumpulané wóng bêcik klêbon wóng ålå.
- Jaran kêrubuhan êmpyak.
Wóng wís kanji (kapók) bangêt.
- Jarít lawas ing sampiran.
Duwé kapintêran nangíng ora digunakaké.
- Jêr basuki måwå béa.
Samubarang gêgayuhan mbutuhaké wragat.
- (n)Jujú muwúl.
Prakårå kang nambah-nambahi rêkåså.
- (n)Junjúg ngêntêbaké.
Ngalêmbana nangíng duwe niyat ngasoraké.
|
K - Kacang ora ninggal lanjaran.
Kabiasané anak niru wóng tuwané.
- Kadang konang.
Gêlêm ngakóni sêdulur mung karo síng sugíh.
- Kalah cacak mênang cacak.
Samubarang pênggawéyan luwíh bêcík dicoba dhisík biså lan orané.
- Kandhang langít, bantal ombak, kêmúl mégå.
Wóng síng ora duwé papan panggonan
- Katépang ngrangsang gunúng.
Kagêdhen karêp/panjångkå mokal biså kelakón.
- Katón kåyå cempåkå sawakúl.
Tansah disênêngi wóng akèh.
- Kåyå banyu karo lêngå.
Wóng kang ora bisa rukún.
- Kakèhan gludhúg kurang udan.
Akèh omongé ora ånå nyatané.
- Kêbanjiran sêgårå madu.
Nêmu kabêgjan kang gêdhé bangêt.
- Kêbat kliwat, gancang pincang.
Tumindak kêsusu mêsthi ora kêbênêran.
- Kêbo bulé mati sétra.
Wóng pintêr níng ora ånå síng mêrlókaké.
- Kebo ilang tómbók kandhang.
- Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora kêtêmu pisan.
- Kêbo kabótan sungu.
Rêkåså mergå kakèhan anak.
- Kêbo lumumpat ing palang.
Ngadili prakårå ora nganggo watón.
- Kêbo mulíh menyang kandhangé.
Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
- Kêbo nusu gudèl.
Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
- Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
- Kajugrugan gunúng mênyan.
Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
- Kêkudhúng welulang macan.
Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
- Kêlacak kêpathak.
Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
- Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
- Kêncana katon wingka.
Sênajan apík nangíng ora disênêngi
- Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho.
- Kênès ora èthès.
Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
- Kêplók ora tómbók.
Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.
- Kéré munggah balé.
Batúr dipèk bojo karo bêndarané
- Kéré nêmoni malêm.
Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
- Kêrot ora duwé untu.
Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
- Kêrubuhan gunúng.
Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt.
- Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
- Kêtula-tula kêtali.
Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
- Kêthèk saranggón.
Kumpulan wóng kang tindak ålå.
- Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp.
- Klênthíng wadah masin.
Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
- Kongsi jambúl wanên.
Nganti tumêkan tuwå bangêt.
- Krókót ing galêng.
Wóng kang mlarat banget.
- Kriwikan dadi grójógan.
Prakårå kang maune cilík dadi gêdhé.
- Kumênthus ora pêcús.
Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
- Kurúng munggah lumbúng.
Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
- Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang mbêbayani.
- Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
Njarag marani bebåya.
- Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
- Ladak kêcangklak.
Wóng kang angkúh nêmóni pakéwúh margå tumindaké dhéwé.
- Lahang karóban manís.
Rupané bagús/ayu túr luhúr bêbudèné.
- Lambé satumang kari sêmêrang.
Dituturi bola-bali mêksa ora digugu.
- Lanang kêmangi.
Wóng lanang kang jirèh.
- Lêgan golèk mómóngan.
Wís kêpénak malah golèk rêkasa.
- Lumpuh ngideri jagad.
Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar