Paribasan Ing basa Indonesia diarani Peribahasa yaiku : unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah ora mengku surasa pepindhan / gegambaran M - Maju tatu mundúr ajúr.
Prakårå kang sarwå pakéwúh.
- Matang tunå numbak luput.
Tansah lupút kabèh panggayuhané.
- Mbuang tilas.
Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi dilakoni.
- Mênêng widårå ulêran.
Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.
- Mêntung kojå kêna sêmbaginé.
Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.
- Mêrangi tatal.
Mêntahi rêmbug kang wís matêng.
- Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.
Biså njunjúng drajat wóng tuwå.
- Milíh-milíh têbu olèh bolèng.
Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.
- Mrójól sêlaning garu.
Wóng kang lupút såkå bêbåyå.
- Mubra-mubru mblabar madu.
Wóng síng sarwå kêcukupan.
|
N - Nabók nyilih tangan.
Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
- Ngagar mêtu kawúl.
Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng diójók-ójóki ora mêmpan.
- Ngajari bèbèk nglangi.
Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
- Ngalasake negårå.
Wóng síng ora manut pranatan negårå.
- Ngalem lêgining gulå.
Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
- Ngaturake kidang lumayu.
Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
- Nglungguhi klåså gumelar.
Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
- Ngóntragaké gunúng.
Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh.
- Nguthik-uthik macan dhédhé.
Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné.
- Nguyahi segårå.
Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé.
- Nucúk ngibêraké.
Wís disuguhi mangan mulíh isíh mbrêkat.
- Nututi layangan pêdhót.
Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang.
- Nyangóni kawula minggat.
Ndandani barang kang tansah rusak.
- Nyólóng pêthèk.
Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatang.
|
O - Obah ngarep kobèt mburi.
Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.
- Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
Rampung såkå rékadayané dhéwé.
- Ora ånå banyu mili menduwúr.
Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
- Ora ånå kukús tanpå geni.
Ora ånå akibat tanpå sebab
- Ora gonjå ora unús.
Wóng kang ålå rupane ugå atine.
- Ora mambu énthóng irús.
Dudu sanak dudu kadang.
- Ora tembúng ora tawúng.
Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.
- Ora uwúr ora sêmbúr.
Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
- Ora kinang ora udút.
Ora mangan åpå-åpå.
- Othak athik didudút angèl.
Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar