Jumat, 24 Februari 2012

PARIBASAN ( PERIBAHASA ), 4 : P - Y

Paribasan P - Y

 Paribasan Ing basa Indonesia diarani Peribahasa yaiku : unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone tegese wantah ora mengku surasa pepindhan / gegambaran

P
  1. Palang mangan tandúr.
    Diwènèhi kepercayan nangíng malah gawé kapitunan.
  2. Pandêngan karo srêngéngé.
    Mêmungsuhan karo panguwåså.
  3. Panditanê antaké.
    Lairé katon suci batine ålå.
  4. Pêcrúk tunggu bårå.
    Dipasrahi barang kang dadi kêsênêngané.
  5. Pitík tróndhól diumbar ing padaringan.
    Wóng ålå dipasrahi barang kang aji, wêkasan malah ngêntèk-êntèki
  6. Pupúr sadurúng benjút.
    Ngati-ati mumpúng durúng cilaka.
R.
  1. Rampèk rampèk kêthèk.
    Nyêdhak- nyêdhak múng arêp gawé kapitunan.
  2. Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
    Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkiraké.
  3. Rêbút balúng tanpa isi.
    Pasulayan mêrga barang kang sêpèlè.
  4. Rindík asu digitík.
    Dikóngkón nindakaké(pênggawéyan kang cócók karo kêkarêpané.
  5. Rupå nggéndóng rêgå.
    Margå barang apík mulå rêgané yå larang.
  6. Rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.
    Yèn padhå rukún mêsti padhå santoså, yèn pådhå congkrah mêsti bakal bubrah rusak.
S.
  1. Sabar sarèh mêsti bakal pikolèh.
    Tumindak samubarang åjå kesusu.
  2. Sabåyå pati, sabåyå mukti.
    Kerukunan kang nganti tekan pati.
  3. Sadumúk bathúk, sanyari bumi.
    Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
  4. Sandhíng kebo gupak.
    Cedhak wóng tumindak ålå, biså-biså katut ålå.
  5. Satru mungging cangklakan.
    Mungsuh wóng kang isih sanak sadulur.
  6. Sêdhakêp awé-awé.
    Wís ninggalake tumindak ålå, nanging ing batín isíh kepingín nglakoni manèh.
  7. Sêmbúr-sêmbúr adús, siram-siram bayêm.
    Bisa kalêksanan margå olèh pandongàné wong akèh.
  8. Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé.
    Nindakaké panggawéyan kanthi ora duwé kamélikan åpå-åpå.
  9. Síng såpå salah bakal sèlèh.
    Såpå síng salah bakal konangan.
  10. Sluman slumun slamêt.
    Sênajan kurang ngati-ati. nangíng isíh diparingi slamêt.
  11. Sumúr lumaku tinimba, góng lumaku tinabúh.
    Wóng kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakóni.


T.
  1. Tebu tuwúh socane.
    Prakårå kang wis apík, bubrah margå ånå kang durung mêsthi salah lan bênêré.
  2. Téga larané ora téga patiné.
    Sênadyan néegakake rêkasané, nangíg isíh mènèhipitulungan.
  3. Têkèk mati ing ulóné.
    Nêmóni cilåkå margå såkå gunêmé dhéwé.
  4. Timun jinårå.
    Prakårå gampang bangêt.
  5. Timun mungsuh durèn.
    Wóng cilík mungsúh pànguwåså, mêsthi kalah.
  6. Timún wungkúk jaga imbúh.
    Wóng bodho kanggone múng yèn kêkurangan baé.
  7. Tinggal glanggang cólóng playu.
    Ninggalaké papan pasulayan.
  8. Tulúng mênthúng.
    Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
  9. Tumbak cucukan.
    Wóng síng sênêng adu-adu.
  10. Tuna sathak bathi sanak.
    Rugi båndhå, nangíng bathi pasaduluran.
  11. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
    Prakårå ålå ngåmbrå åmbråa, prakårå becik kari sathithík.
  12. Tembang rawat-rawat, ujare mbók bakul sunambiwårå.
    Khabar kang durung mêsthi salah lan bênêré.


U.
  1. Ucul såkå kudangan.
    Luput karo gêgayuhané.
  2. Ulat madhêp ati mantêb.
    Wís mantêb bangêt kêkarêpané.
  3. Undaking pawartå, sudaning kiriman.
    Biasané pawartå iku bédå karo kanyatakané.
  4. Ungak-ungak pager arang.
    Ngisin isini.
  5. Welas tanpå alis.
    Karêpé wêlas nangíng malah gawé kapitunan.
  6. Wís kêbak sundukané.
    Wís akèh bangêt kaluputané.
  7. Wiwít kuncúng nganti gêlúng.
    Wiwít cilík nganti gêdhé/tuwå.
Y.
  1. Yitnå yuwånå mati inå. / Yitna Yuwana Lena kena
    Síng ngati-ati bakal slamêt, síng sêmbrånå bakal cilåkå.
  2. Yiyidan munggíng rampadan.
    Biyèné wóng dúrjånå/culikå, saiki dadi wóng síng alím.
  3. Yogå anyånggå yogi.
  4. Murid nirókaké piwulangé guru.
  5. Yuwånå mati lenå.
    Wóng bêcík olèh cilåkå, margå kurang ati-ati.
  6. Yuyu rumpúng mbaróng róngé.
    Omahé magróng-magróng nanging sêjatiné mlarat.

Tidak ada komentar: