Minggu, 02 Maret 2014

Asal mulane ndangu/ngundang Kambangan ( Bébék ) nganggé tembung Ri... ri ...ri...

CRITA

Asal mulane ndangu/ngundang Kambangan ( Bébék ) nganggé tembung Ri... ri... ri.... teras Kambangan utawi Bébékipun murugi tiyang ingkang ndangu/nimbali/ngundang.

Rikala Jaman biyén wonten salah satunggaling tiyang ahli tirakat ingkang linuwih, inggih punika punapa donga panyuwunanipun lan pangendikanipun saged kasembadan temah ing jati. Pawongan ingkang tembé ké mawon rampung tirakat wau karemanipun dhahar pindhang bébék. Wekdal punika anggénipun ndhahar pindhang Bébék wonten ing gisik/pesisir seganten sampun rampung, balung-balungipun dipun uncalaken wonten ing Seganten. Nah Sawekdal balungipun Bébék ingkang dipun uncalaken sampun dumugi toya seganten dumadakan wonten Bébék kedadosan saking balung Bébék ingkang dipun Uncalaken tiyang ahli tirakat wau. Wkdal punika tiyang ingkang ahli tirakat wau nimbali Bébék ingkang saweg ngelangi wonten ing seganten wau kanthi sebutan Ri...ri...ri... asale saka tembung eri/balung. Anehipun Bébék wau purun murugi tiyang ingkang nimbali. Pramila dugi sakpunika manawi nimbali Bébék kanthi tembung Ri...ri...ri...

Asal mula memanggil Itik memakai kata Ri...ri...ri...lalu Itiknya mendekati orang yang memanggil.

Pada jaman dahulu, ada salah satu orang ahli puasa/tapa yang mumpuni, yaitu apapun doa permintaannya dan ucapannya bisa terlaksana/ kesampaian sesuai kei
nginannya. Seseorang yang baru saja selesai puasa tadi, kesenangannya makan pindang itik ( ingkung ). Pada Waktu itu, makan pindang itik ada di pesisir/pantai laut sudah selesai, tulang-tulangnya di lemparkan ke laut. Nah sewaktu tulangnya itik yang di lemparkan sudah sampai ke air laut, tiba-tiba ada itik tercipta dari tulang itik yang di lemparkan orang ahli puasa tadi. waktu itu orang yang ahli puasa tadi memanggil itik yang sedang berenang di air laut tadi dengan sebutan Ri...ri...ri... asalnya dari kata eri/ tulang. Anehnya itik tadi mau mendekati orang yang memanggil.
Maka sejak itu, memanggil itik dengan sebutan/ kata Ri...Rii...ri...

Cerita dari bapak, waktu saya masih kecil.

Tidak ada komentar: