Minggu, 02 Maret 2014

Asal mulanipun dipun wastani Tetuwuhan KANGKUNG

Crita

Asal mulanipun dipun wastani KANGKUNG

Rikala jaman biyen pas mangsa jaweh, wonten tiyang dhusun punika bruwun tetuwuhan wonten ing rawa. Ananging tiyang wau dereng mangertos naminipun tetuwuhan ingkang dipun bruwun/pugut menika. Nah ngepasi saweg bruwun wonten kewan naminipun kodhok ( tembung kerata basanipun KOdhok inggih punika Teko-teko ndhodhok pramila dipun wastani kodhok ) wonten ing tetuwuhan punika kanthi nyuwanten/mungel, swantenipun/ungelipun Kang...kung..., kang...kung..., kang...kung.... Lajeng tiyang ingkang saweg bruwun tetuwuhan wau maringi nami taneman Kangkung, marga wonten kodhok saweg angkringan ing tetuwuhan punika kanthi mungel kang...kung, kang...kung.

Miturut dongengipun bapak kawulo biyen.

Asal mulane diarani Kangkung. Rikala jaman biyen pas mangsa udan, ana wong nDesa bruwun thethukulan ana ing rawa. Ananging wong mau durung ngerteni jenenge thethukulan kang di bruwun iku. Nah ngepasi saweg bruwun ana kewan jenenge Kodhok ( tembung kerata basane Kodhok yaiku teko-teko ndhodhok, mulane diarani kodhok ) ana ing thukulan iku kanthi muni, swarane kang...kung,kang...kung...,kang...kung... Terus wong kang agi bruwun Thethukulan mau aweh jeneng tanduran Kangkung, merga ana kodhok agi themangkrin/angkringan ana ing thethukulan iku/kuwi kanthi muni kang...kung...kang...kung.

Tidak ada komentar: